Rabu, 19 Juni 2013

GAYA PRAMUGARI "SUROBOYO AIR"

 
source : fb basecamp

“Isuk poro penumpang sakkabehe.. “

Engkok lek motomu pedhes, opo kupingmu kroso kophok’en, ndang untal’en permen’e yo..

Engkok ben slamet, tulung delok’en iki , yak opo carane masang sabuk
Yok opo ngancinge ben gak coplok, ben kenceng, trus yok opo carane nyoplok..

klambi plampung ono ndhek ngisor kursimu, ojok mbok nggo sik, enten’ono Pakdhe Kapiten ngekek’i woro2..
Iko ojok mbok pindah2, opo maneh mbok gowo muleh, opo mbok gawe adah uyuh..
Timbang tak pancal ndhiasmu ngarep mburi..
Ngerti gak ?!

Iko nggo klambi plampung’e, lebokno lewat tholok, kancing’en sabuk’e nok ngarep, ojok kekencengen, engkok bingung gak isok ambegan malah matek ngrepoti koncone…
Iko isok mbok sebul, sing penting ababmu gak mambu batang tekos…

Ben isok ngambang ndhek mbanyu, tarik’en penthil2an werno abang mbranang jambu bol iko.
eling, tariken dhek njobo psawat, ngko gak isok metu nek ndhok njero.. mlembung gede jehhh, lawange gak sedeng, msti nyantol’e…

nek arep metu tekan pesawat, antri yo, baris koyok sowang2an,
holopis kuntul baris…

Nek ambegan’e wis mulai angel
Iko masker oksigen logor dewe tekok nduwur’e ndhiasmu,
kop warna kuning2 iko nggon’en
wong sitok, sitok ae..
Ojok rebutan, ngisin2i…

kertu petunjuk darurat ono ndhek sak kursi ngarepmu,woco’en
Ojok diapalno

Ngono sek Ɣªªªãå pakdhe,mbokdhe,paklek,bulek, cak,ning,tole,wuk…
ojok prengesan, ojok pcicilan..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar